='"loading" + data:blog.mobileClass'>

ibu




Tumetese banyu
Dadi trenyuuhe atiku 
Tata tuturmu dadi patuladhanku
Ibu…!
Sangsaya suwe anggonku urip
Sangsaya eling mring pituturmu
Aku mung awujud gedibal
Ora bisa mujudake kekarepan mu
kang suci tur edipeni
Tresnamu dak cathet ing pikirku
Ibu…!
Tresna kang mili pindha banyu
Ora ana enteke
Wiwit jabang bayi
Nganti tekeng pati
Panjenengan tansah paring piweling
kanggo aku
Tembung-tembung sing diparingke
manis ngluwihi madu
Ibu…!
Nyuwun pangapunten…!
Aku ora bisa nyenengake
panjenengan
Uripku mung saya nglarakake manah
panjenengan
Ora bisa nuruti karsamu
Ibu…!
Lungaku ora merga lali
Ananging arep nggayuh kamulyan
Adoh panggonku cedhak atiku
Ora bakal ilang ing pikirku,
Pahlawan ing atiku!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar